Sik Tak Cerita Ta
Cerita

Sik Tak Cerita Ta

Sik Tak Cerita Ta, Jare uwong ndisik ki luwih kepenak uripe, mula ana viral meme sing ngujar ” La Penak Jamanku To” ngono mergo jaman saiki Jamane Pak Jokowi, beda adat e karo ndisik. Ning coba tak eling-eling jamane Orde Baru kae, kuwi Jamane Pak Presiden Soeharto. Jaman sing paling dawa, La pie wiwit (Tahun 1971) aku isih sekolah SD nganti wis kerjo trus omah-omah, aku isih ngalami jamanne.  Bapak Presiden Soeharto kui sebutane utawa gelare Bapak Pembangunan Nasional yo bapak Pembina Golkar( ndisik durung kasebut Partai), mergane jaman e Pak Harto mung ana telung(3) partai, yaiku Partai Persatuan Pembangunan (PPP utawa P3) nomer urut Pemilu 1(siji), Golongan Karya( Golkar) nomer urut 2( loro), Partai Demokrasi Indonesia(PDI) nomer urut 3(telu). Ndisik program TV ne mung ana program-program pemerintah kayata, Parlementaria kui crita apa wae sing pagepokan karo rapat-rapat, kegiatane Wakil Rakyat, Mbangun Desa (TV Jogja), isine yo kegiatan Bangun Desa ing tlatah Ngayojakarta, KlompenCapir (Kelompok Pendengar Pembaca dan Pemirsa), lomba Kadarkum ( Kesadaran hukum),sinetron LOSMEN Srikandi, Aneka Ria Safari, Kamera Ria (hiburan kanggo ABRI), sinetron Dokter Sartika,  sak kelingaku kuwi conto dokter sing ngabdi ana ing desa pelosok ing tlatah Kalimantan. meneh jaman cilik ku ana film PrimusBonanza, Rin Tin Tin, iki film sing kira-kira sore jam lima nan. Jennie, Tammy iki sekitar jam 19.00, nggo bocah remaja, trus Wild Wild West, Taxi, 007, Barnabi John, iki kanggo dewasa amargo mbengi sekitar jam 9-10 an. lan liyo-liyone sing durung kasebut. La magepokan karo rego barang- barang pancen murah, beras, lengo, elektronik nek tuku duite sithik nek ditandingke karo saiki, ning yo kui duite sithik le nggolek yo angel tenan barange durung mesti ana. Ndisik duwe TV kui isih barang aji, mung uwong sugih sing duwe, mangka TV ne isih Hitam Putih ora kaya saiki berwarna. Nek arep nonton nunut ning tanggane sing apikan, tur loma. Jaman semana arep jam lima sore aku lan sedulurku wis do adus resik, mung ben iso melu nonton TV nggone tanggaku jenenge Pak Sukir karo Bu Sukir, Piyayine  resikan. Bu Sukir rikmane di semir ireng janges wis sepuh ning luwes, gelungan jaritan. Pak Sukir piyayine gede sedengan, bothak sithik, sithik ngendikane. Omahe duwur, nganggo jubin alus ireng gilap, le ngepel nganggo ampas klapa bekas nek wis diembu saya apik kanggo ngepel, Sing nunut nonton tangga -tanggane sekitare omahe  dadi ora mung aku karo sedulurku thok. Ora kaya jaman saiki to.

Sik Tak Cerita Ta, Jaman saiki wis beda adoh banget. Le arep crita iso pirang- pirang kebet nek kui lembaran buku. Ndisik jaman rekasa. saiki apa-apa ana. Apa meneh nduwe duwit iso tuku apa wae. Ndisik murah ora iso tuku. Saiki nganggo duwite akeh utawa regane larang ning pada iso tuku. Sepeda motor ngebaki dalan nganti pada macet. Cacah omah mesti duwe TV berwarna. Mobil uga akeh sing duwe malah ana sing nduwe luwih saka siji ben sak omah. Apa kuwi ora jibar- jibur. Pasar lan toko swalayan ora tahu sepi, lagek jaman corona iki dalan -dalan pada sepi, mergo bocah sekolah pada sinau ning omahe dewe-dewe kasebut BDR(Belajar Dari Rumah). Saiki bocah  taman kanak-kanak wae yo wis iso nggunakake Phonecell kanggo nggambar utawa nilpon wong tuane apa meneh bocah sekolah. La kepekso kabeh uwong nggunakake internet ana ing jaman Corona iki. Internet sing dadi dayane phonecell mau iso kanggo apa wae kayata; kanggo kerjo, tetuku, dagang, lan sakpiturute.

Sik Tak Cerita Ta, sing jenenge kriminal utawa wong jahat kui jaman dhisik karo jaman saiki yo tetep ana.  Ning wong sing apik yo ora kurang, dadi mestine wong apik luweh akeh tinimbang uwong jahat to. Uwong jahat kui yo ora mantra-mantra jahat kabeh uripe ,mesti ana apike. Semono uga uwong apik kuwi yo mesti ana cacate sethitik. nek gelem jujur karo awake dewe. Nggula wenthah atine ,rasane dewe digulung digelar nganggo pikiran sing wening, ora gampang kabrongot nepsu angkoro murko, kuwi luwih apik.  Mulane aja banget-banget nek sengit ndulit, iri, gething, jahil, open dakwen , cethil menthithil. Semono uga sakwalike apik banget nganti lali sakkabehe.  Dadi menungso iku yo ora ana sing sampurna. Kaya puzzle kae werna-werna  wujude, njangkepi siji lan sijine dadi kawaca apik sempurna, ning nek siji lan sijine mbangun urip bebrayan agung sing rumaket. Ndah embo kaya swarga ning ndonya. Urip mono bakale pepisahan ora ana sing mbegegek ugek-ugek arep urip dewe saklawase. Yo ayo do gandeng renteng-renteng ndedonga urip sing apik karo sapa wae, gampang menehi pangapuran lan seneng tetulung marang sakpadha-padha. Elinga, dewe kuwi tunggal bangsa dipadha tresnan tinresnan Bhineka Tunggal Ika.

Sik Tak Cerita Ta, Bapak Jendral Suharto kuwi ndisik idolaku, nek ana acarane ning  TV aku mesti nonton, amargo ning ngarepe rakyat mesti mesem ngguyu kepenak bahasane sederhana iso dipahami. Aku kelingan gek nerangake teknologi kui apa, karo among tani. Jaman semono arep ngenalke pupuk urea briket. Nek ning ngarepe prajurit prebawane, medeni tenan. Aku kelingan Indonesia ning jamane Pak Harto nduwe julukan Macan Asia.

la saiki bapak Presiden Jokowi yo dadi idolaku, mergane piyayine yo sederhana, kalem ning cerdas, lan berkarakter. Kabeh idolaku mau cocok karo jamane dewe-dewe. Ana sing pada, kuwi kabeh cedak karo rakyat lan wicaksana. Dadi rakyat cilik adem ayem, duwe kepastian hukum. Negara iso mbangun. teknologi ngrembaka. Yo do disyukuri. Gusti bakal amberkahi urip kita kabeh.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *